Kumpulan 26 Geguritan Bahasa Jawa


Berikut ini adalah kmpulan geguritan bahasa jawa. Geguritan adalah pantun versi dalam bahasa jawa. Geguritan ini sangatlah unik dan menarik untuk dipelajari. 

1.) Pahlawanku
(R. Tantiningsih)

Pahlawanku 
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika




2.) Segara Aru
(Hisyam Z)

Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti

Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan

Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru

Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan

Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku




3.) Merapi
(Puthu Aryana)

Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara

Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi



4.) Kembang Mlathi
(R. Widiyati)

Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci


5.) Api Abadi Mrapen
(R. Tantiningsih)

Latu kuwi, tansah murub
Ora nggubris kiwa tengene
Nadyan digrujug tirta
Nadyan maruta padha teka
Nanging latu kuwi ora surut

Latu kuwi, tansah murub
Kaya latu kang ana jero ati
Angel dipateni lan angel diadhemake

Latu kuwi, tansah murub
Ing mrapen dununge
Ninggal sejarah
Kanggo anak putu


6.) Kitir
(Sumono Sandy Asmon)

Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi

Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan

Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat


7.) Koran
(Harum Sunya Iswara)

Taktunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang daktunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
Mosak-masike donya
Maju mundure negara
Minangka warta
Koran minangka alat komunikasi
Kang kudu diwerdi
Mula ora ketinggalan informasi


8.) Wutah Getihku
(Mahardono Wuryantoro)

Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani

Kawulamu....
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun

Aku lila....
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara

Lumantar iki....
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku



LUMUNTURING BUDAYA

Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasanku
Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku
Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku
Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani jaman saiki
Tumpraping polah tingkahing putra lan putri
Kang wis ninggalake subasita
Nerak angger-anggering budaya
Lali ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa

Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanadyan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma, laladan rinepta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe?
Apa budaya kita wis ora ana ajine?
Apa budaya kita wis kedaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda pemudi jaman saiki
Unggah ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amerga pokale kita dhewe.

Ki Andanawarih
Kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat No. 46 – 15 November 2008




KAWULA NASIBMU

Apa durung cukup Gusti paring bebendu
;segara disuntak mbludag
Lemah amblas bengkah
Banjir bandhang banjir lendhut
Banjir maut
          Nelangsa papa citraka wis ora krasa apa-apa
Amarga wis kulina
Ngayut tuwuh dadi pilihan ampuh
Tinimbang didawa-dawa tan oleh pedah lan guna
Oh... nasibmu kawula.....
Sikil kelangan pidakan
Awak kelangan wewayangan
Dina sesuk kelangan tanggal
Dicolong dirampok kecu lan brandal
Brandal ora ngerti bebendu
Kecu ora ngerti kleru
Brandal tata jaman lumrah
Nguntal bumi ngaluamah
Kecu badan alus nggetih biru
Ngganyang uripe kawula-kolu
Oh.... kawula nasibmu...

Eko Wahyu Adi
Kapacak saking Panjebar Semangat- 52/2007





GANDRUNG

Rambut acak-acakan
kaos kumel awut-awutan
ora kenal tembang
jare : luwis seneng disco-disconan
supaya ora diarani kampungan
ngisin-isini
Nanging gandrung ya gandrug
Aja kedlarung, dadi kedlurung
Apa wis ngerti
Tegese racun
Senajan ora mateni
Nanging bisa gawe getun
Jare: jaman moderen
Nanging kok kereb senewen
Ngambah alam globalisasi
Kudu tansah ngati-ati
Senajan ndhelika
Ditututi.

Alie Emje
Panjebar Semangat- 52/ 2007





NEGERI PARA BAKUL

Negeri para bakul
Dol tinuku datan mligi barang dagangan
Narapidana barter ing pakunjaran
Barter kasus wis dudu wewadi
Yen refan wis sarujuk disepakati

Negeri para bakul
Para politisi uga duwe pasar mligi
Dol tinuku polecy kebijakan
Maja kursi papan kaculikan
Api-api regejekan jebul laku sandhiwara

Negeri para bakul
Konglomerat lan birokrat gamban olah siasat
Dol tinuku kajulingan ngliyer aturan
Layak pajekg dadi bancakan

Negeri para bakul
Dol tinuku jabatan anjrah ing ngendi-endi papan
Bandrol reregan wis cetha nadyan datan kabiwarakake
Yayah kangsen ing papan palanyahan

Negeri para bakul
Kebak tembung lelamisan
Kebohongan kemunafikan kadidenen sega jangan
Nora kawaca bongkot – puncuk
Kabeg-kabeh mubeng seser pindha lingkaran setan.

Nono Warnono
Panjebar Semangat No 11- 12 Maret 2011





KIDUNG SAKA WUKIR DANARAJA

Mirengna ujaring kandha
Jamane sekar sinengkar ing pringitan
Dhusun kencana ijo royo elok nyata
Rinengga taneman meneka warna
Tanjung kenanga mawar regula
Gandasuli mlati lan soka
Tlatah reja mekar ngrembaka
Kaserat abyor kuncara
Kang ngayomi wong agung linangkung
Wanodya kebak pangalembana
Kanjeng ibu kang asmanya arum ing rat
Ibu Agung sakaring pamuji

Wis dadi Kersaning Gusti
Sang endah jumeneng dadi oboring jaman
Kang nyimak sasmitaning ngaurip
Antuk berkah trus jumeneng ing uripe
Wruh ing rasa kang satuhu
Sang lukita maraga sekar bawana
Kikisa ong tutur ala
Lestari ing sejarahe
Agung arum ati suci
Danaraja wis dikunci
Anane mung enget negeri
Ing tlatah lor pasir dadi mlati
Jepara, april 2005
Diah Hadaning
Panjebar Semangat – 26 – 25 Juni 2005




SADAWANE DALAN PUTIH

Dalan putih sing mendhak medhukul
Dawane tanpa wates, tanpa wates
Apa  sliramu ngerti, sakiwa tengene akeh dajjal
Tawa woh-wohan seger lan manis?

Iki jagad tontonan
Papan kiprahe para paraga
Menganggo sandhangan kebak gebyar
Pasuryan didandani maneka rupa
Kabeh sarwa cakrak diputih sarwa ngresepi
(kari milih sapa jumangkah premati
Endi sing rewa-rewa endi sing sejati)

Sadawane dalan putih
Kita kabeh mung kari milih
Lan bisa ngrasakake legine bratawali
Kalamun wis manggon ing wetenge bumi.

Ambal Kebumen, Maret 2002
Turyo Ragilputro
Panjebar Semangat 31- 3 Agustus 2002




Lawu Harga kang Rubeda

Dak sawang pucuking cemara lawu harga
Nora ana rubeda
Panyuwaraning peksi-peksi
Branjangan NlikaHyang Praptanggawatti jumedhul
Ing tanceping tawang sisih wetan Karring aris sumilaking samirana
Uga gumuyune prawan-prawan sunthi
Kang runtung-runtung ngindhit klenthing
Gujeng sendhang kang bening

Aku mesem
Dene isih ana kaendahan ing bawana
Kang kebask pokal dursila
Pokal bejat manungsa nora wedi laknat
Mega ngluru pangan saemplokan
Direwangi pecialan

Panyawangku tumuju maneh marang lawu harga
Dak sawang, wusana rubeda
Ora ana maneh panyuwaraning peksi-peksi
Uga gumuyue prawan-prawan sunthi
Kahanan sepi nyenyet nggegirisi

Ah, during ana sakedhepan anggonku alihan
Lawu harga katon rubeda
Edi endah kang mau tak sawang
Apa aku mung ngimpi?????
Merga sakupengku kebak pedhut leliwengan?
Ah Mbuh…..!!!!!!!!!




UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu




DALAN OMBAK

Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina

Sidoarjo, 2007





SEDYAKU

Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…

Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku

Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…





CRITA SAKA MANCA

ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak

nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi

kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti




BABAD WEDHI PESISIR

Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?

biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan

iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar





AMBEGAN SEGA KULUBAN

Ambengan sega kuluban dieler ing tampah
diladekake ing pasamunan
direncah bebarengan, kroyokan, rebutan

ambengan sega kuluban
oora ana sing ngerti duweke sapa
kejaba dadi pangane wayang , para dhalang
sing lagi lungguh methingkring

(kidang lan trewelu, kinjeng lan kupu mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu)

ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta
mung kari tampah ngganda amis, angganda amis
banjur kanggoo bal-balan para buta!






“Sekolahku”



Bangunanmu kang megah

Madeg sakulone alun-alun Purbalingga

Dadi tujuwane siswa-siswa

Sing arep golet ilmu kanggo sangu tuwa



Saben dina

Aku tansah ana njero ruanganmu

Ngrungokake piwulange bapak ibu guru

Apa sing kudu digugu lan ditiru



Tambah dina tambah marem atiku

Sekolah neng SMA Negeri Satu

Sing kawentar gurune

Sing kawentar prestasine



Kinanthi Barru / X MIIA 3






REMBULAN

(Karya : Wanda Mitra Nugraha)

Rembulan . . .

Rupamu bunder sampurna

Mustakaning antariksa

Tan cacad kadya cincin asmara




Rembulan . . .

Cahyamu padhang jingglang

Merjoyo langkingipun wengi

Lintang uga labuh ngancani



Nalika bengi adhem atis

Nalika bengi pedheng ndedet

Kowe madhangi jagad donya

Tanpa pilih asih



Rembulane sing ngawe-ngawe

Ngelingake ojo podo turu sore

Ayo poro konco kabeh melu mersani

Rembulane sing wes munggah ing dirgantara







 BIYUNG
karya : Diana Puspita Putri
Biyung,
Tresnamu abadhi
Kaya wektu sing ora ana pugkasane
Sliramu terus ngewenehi,
Ngewenehi lan ngeweneh
Ngewenehi tresna sejati
Ngewenehi trsna abadhi…

Biyung,
Tresna panjenengan kangge kula,
Boten saged kula ijoli apa maneh kula bayar…

Maturnuwun,
Kuwi setunggal tembung ingkang saged kula aturaken
Maturnuwun kangge sedaya tresnamu
Maturnuwun kangge sedaya piwelingmu
Maturnuwun kangge sedayane…





PAK TANI

teks geguritan untuk materi lomba sd
Pancen luhur bebudenmu
Urip prasaja ora kesusu
Ana ing desa kang asri
Urip rukun dadi petani

Tanduran digulawenthah ngati-ati
Gotong royong iku wis mesthi
Asile dienteni wong sanagari
Ora lali syukur rina wengi

Bu tani uga polah
Nyiapake dhaharan ana ing omah
Banjur digawa menyang sawah
Dhahar ing galengan kanthi bungah





Korupsi
Dening Kharisma L. W.

Abang putih kajunjung duwur ing langit pratiwi.
Wujud getih lan balung para pejuang.
Apa kowe isih eling?
Cucur kringet luh kang wis kebacut dadi tumbal.
Tumbal marang buwana kanggo kemerdekaan.
                Saiki apa?
                Kowe ngapusi, kowe korupsi.
                Cangkemmu amba kebak arta.
Raimu gedhek, ora duwe isin.
                Dijak rembug malah kepara angler.
Rakyatmu kuru, kowe lemu.
Rakyatmu mlarat, duitmu sak arat-arat.
Sing makmur sapa?
Kowe lan kanca-kancamu.
Sing tumindak ala marang rakyatmu.
Mula, ayo brantas korupsi.
Ayo padha gumregah.
Mbangun bangsa Indonesia kang sumringah.
Bangsa kang apik ing budi lan tutur.

Bangsa kang sejahtera lan makmur.





Artikel Terkait